Ads

LUNGO HAJI



صلّ وسلّم دائما على احمد ×2
والأل والاصحاب من قد وحّد ×2

Ayo poro konco – njalok – lungo haji
Marang gusti Allah -  pangeran – kang moho suci
Dungo marang Allah -  Di Barengi – Sholat wengi
Ojo lali fatihah – di woco – satus siji

Sholawat ibrahimiyah – di woco – saben dino
Sa’ba’dane sholat – limang waktu – podo ilingo
Sholawat kapeng sewu – malem jum’at – lakonono
Dungo thowaf talbiyah – saben dino – yo diwoco

Ati kudu grengseng – kepingin – lungo haji
Duwe tegal sawah – di dol – ndang diurusi
Kanggo daftar haji – lungo – ing tanah suci
Insaallah selamet – lan ora – bakal rugi

Ono Tanah Suci – Tujuane – Mung Ibadah
Ati Kudu Sabar – Orakeno – bantah bantah
Senajan dilarani – ora mbales – kudu betah
Akhire ibadah e – lan dungane – mustajabah

Haji ingkang mabrur -  Balesane – Mung suwargo
Besok ing akherat – ora bakal – mlebu neroko
Ora keno sombong – lan ora keno – duroko
Ono tanah suci – balesane – saknaliko

Panggonan mustajab – weruh – ono ing mekah
Ono ing multazam – hijir ismail – elor e ka’bah
Bukit shofa marwa – maqom ibrahim – muzdalifah
Mina lan arofah – Raudloh – Masjid Madinah

Gusti pangeran kulo – Kulo nyuwon – waget haji
Dateng tanah suci – saben tahun – dituruti
Anak bojo kulo – wong tuwo – lan poro santri
Oleh ridlone Allah – Pangeran – Kang moho suci

Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Ya Allah Robbal Alamin

            Ngawonggo. 03 Oktober 2012 M.
                                   16 Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis

KH.M.Ridlwan Alkanma,S.Ag

0 komentar:

Posting Komentar