Ads

KONCINE ILMU MANFAAT LAN BAROKAH


صلّ وسلّم دائما على احمد ×2
والأل والاصحاب من قد وحّد ×2

Ayo poro santri – kang – kepingin manfaat
Ilmu kang di terimo – ono – masyarakat
Kudu podo manut – ugo – podo to’at
Marang peraturan – semono ugo – marang ustadz
Ono santri pinter – nangeng – ora bender
Wani marang guru – akhire – keblinger
Ono masyarakat – uripe – di uber uber
Sebab waktu belajare – ngerusuhi – koyok uler
Ono santri temen – manut – marang guru
Ono dawuh e guru – di enut – lan ditiru
Senajan ora pinter – nangeng – sopan lan gugu
Akhire dadi mulyo – oleh – barokahe ilmu
Ayo poro santri – kang – kepingin barokah
Barokah ilmune – lan – barokah dunyane
Barokah umure – lan – barokah keluargane
Ayo podo khitmat – ngerewangi – marang gurune
Asale gak alim – banjur – akhire alim
Asale gak Sholeh– banjur – akhire Sholeh
Asal e gak sugeh– banjur – akhir e Sugeh
Iku yo tondone  - santri – barokah ilmune
Luweh utomo anak - di sangoni – ilmu
Di lebokno pondok – digolekno – sangu
Lamon nduwe ilmu – dunyone – podo melu
Semono ugo pangkat – besok – bakal ketemu
Gusti pangeran kulo – ingkang – paring hidayah
Kulo nyuwon ilmu – manfaat – lan barokah
Kangge amar ma’ruf – ningkataken – ibadah
Akhir e gesang kulo – supados – khusnul khotimah
Amin Amin Amin - Amin  Amin Amin
Amin Amin  Amin - Amin  Amin Amin
Amin Amin Amin - Amin  Amin Amin
Amin Amin Amin - Ya Alloh Robbal Alamin

Ngawonggo , 01 Oktober2012 M.
                    15 Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis

KH.M.RIDLWAN ALKANMA.S Ag

0 komentar:

Posting Komentar

LUNGO HAJI



صلّ وسلّم دائما على احمد ×2
والأل والاصحاب من قد وحّد ×2

Ayo poro konco – njalok – lungo haji
Marang gusti Allah -  pangeran – kang moho suci
Dungo marang Allah -  Di Barengi – Sholat wengi
Ojo lali fatihah – di woco – satus siji

Sholawat ibrahimiyah – di woco – saben dino
Sa’ba’dane sholat – limang waktu – podo ilingo
Sholawat kapeng sewu – malem jum’at – lakonono
Dungo thowaf talbiyah – saben dino – yo diwoco

Ati kudu grengseng – kepingin – lungo haji
Duwe tegal sawah – di dol – ndang diurusi
Kanggo daftar haji – lungo – ing tanah suci
Insaallah selamet – lan ora – bakal rugi

Ono Tanah Suci – Tujuane – Mung Ibadah
Ati Kudu Sabar – Orakeno – bantah bantah
Senajan dilarani – ora mbales – kudu betah
Akhire ibadah e – lan dungane – mustajabah

Haji ingkang mabrur -  Balesane – Mung suwargo
Besok ing akherat – ora bakal – mlebu neroko
Ora keno sombong – lan ora keno – duroko
Ono tanah suci – balesane – saknaliko

Panggonan mustajab – weruh – ono ing mekah
Ono ing multazam – hijir ismail – elor e ka’bah
Bukit shofa marwa – maqom ibrahim – muzdalifah
Mina lan arofah – Raudloh – Masjid Madinah

Gusti pangeran kulo – Kulo nyuwon – waget haji
Dateng tanah suci – saben tahun – dituruti
Anak bojo kulo – wong tuwo – lan poro santri
Oleh ridlone Allah – Pangeran – Kang moho suci

Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Amin Amin Amin
Amin  Amin Amin – Ya Allah Robbal Alamin

            Ngawonggo. 03 Oktober 2012 M.
                                   16 Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis

KH.M.Ridlwan Alkanma,S.Ag

0 komentar:

Posting Komentar

“TONDONE WONG MUNAFIQ”


اللهمّ صل وسلّم على # سيدنا ومولانامحمد
عددما بعلم الله صلاة # دائمة بدوام ملك الله
Tondo munnafiq – ono telu – weruhono
Dawuhe gusti – kanjeng nabi – kang dipercoyo
Sopo biso – ngedohi – bakal mulyo
Kang ngelakoni – akhire – bakal ciloko
Nomer siji – Lamon omong – Deweke  goroh
Nomer loro – dipercoyo – deweke cidero
Nomer telu _ lamun janji – yo suloyo
Perkoro telu- kelakuan olo – yo dohono
Mulo iku – lamun omong – di ati ati
Ojo goroh – wong kang goroh – dilaknati
Urip soro – gak dipercoyo – sampek mati
Besok akhire – bakal disikso – bakal rugi
Jujur iku – sifat wajibe – kanjeng nabi
Kudu ditiru – di goceki – lan dilakoni
Poro konco – podo seneng – Lan naati
Ono suwargo – bakal oleh – widodari
Amanah iku – perhiasan – kang paleng indah
Wong kang mulyo – Ahli ilmu – istiqomah
Bagus amale – Luhur drajat e – Ahli ibadah
Rizqi barokah – uripe mulyo  - Husnul khotimah
Mulo iku - lamun janji – ditetepi
Ojo cidero – ojo suloyo – akhire rugi
Rugi dunyo – rugi akherat – digowo mati
Ono kubur – disikso – digepuk cemeti
Amin Amin – Ya Allah – Robbal Alamin
Amin Amin – Ya Allah – Robbal Alamin
Amin Amin – Ya Allah – Robbal Alamin
Walhamdu – Lillahi – Robbil Alamin

Ngawonggo, 18 Oktober 2012 M
                         2 Dzulhijjah 1433 H
Penulis

KH.M.Ridlwan Alkanma,S.Ag

0 komentar:

Posting Komentar

NYAMBUT GAWE KANG BAGUS LAN ORA RUGI


https://annuralhuda.wordpress.com/
اللهمّ صل وسلّم على # سيدنا ومولانامحمد
عددما بعلم الله صلاة # دائمة بدوام ملك الله
Poro konco - kang podo  - nyambut gawe
Iki dawuhe - ABUL LAITSI - ASSAMARQONDI
Ono kitab - kang jeneng - TANBIGHUL GHOFILIN
Supoyo siro - ora bakal - susah burine
Ono hasile - ono manfa’ate - ono barokahe
Ono selamete - ono mundake - ono rizqine
Ono ganjarane - ono dunyone - ono akhirate
Perkoro limo - kudu di rekso - lan di lakoni
Nomer sijine - ora oleh - ngakhirno fardu
Opo maneh - ninggal sholat - limang waktu
Nomer lorone - ora oleh - ngelarakno konco
Besok akhire - ono akhirat - bakal di sikso
Nomer telune - kanggo kebutuhan - awak dewene
Kebutuhan - anak bojo - lan keluargane
Ora oleh - niat nyejo - ngumpulno bondo
Opo maneh - niat nyejo - ngakeh-ngakehno
Nomer papate - ora oleh - nyusah no awake
Sangking grengsenge - atine - marang dunyane
Nomer limone - rizki iku - sangkeng pengerane
Ora oleh - rizki iku - sangkeng nyambut gawene
Sopo biso ­- ngelakoni - limo iki
Nyambut gawene - kang di lakoni - ora rugi
Oleh ridlone - pengeran - kang moho suci
Uripe mulyo - ora bakal - melarati
Ya Allah gusti - kulo nyuwon - rizqi barokah
Kangge ibadah - kesah haji - mekah madinah
Pados ilmu - amar ma’ruf - istighosah
Maus Al-Qur’an - Shilatur rohim - Sholat jama’ah
Amin Amin - Amin Amin - Amin Amin
Amin Amin - Amin Amin ­- Amin Amin
Amin Amin - Amin Amin - Amin Amin
Amin Amin - Ya Alloh - Robbal Alamin

Ngawonggo , 26 September 2012 M.
                     10 Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis


KH.M.RIDLWAN ALKANMA.S Ag..

0 komentar:

Posting Komentar

“SYARATE NGAJI”


اللهمّ صل وسلّم على # سيدنا ومولانامحمد
عددما بعلم الله صلاة # دائمة بدوام ملك الله

Syarate ngaji -  dawuhe - sayyidina ali
Ono enem - poro santri - kudu ngelakoni
Kapeng siji - kudu cerdas - pikirane
Kapeng loro - kudu seneng - atine
Kapeng telu - kudu sabar - awake
Kapeng papat - kudu ono - sangune
Kapeng limo - melok petunjuk - gurune
Kapeng enem - kudu suwe - mongsone
Sopo biso - poro santri - ngelakoni
Bakal mulyo - lan manfaat - ilmune
Ono ndunyo - lan besok - ing akhirat e
Mlebu suwargo - oleh ridlone - gustine

Ya Allah gusti – kulo nyuwon - ilmu manfaat
Ilmu barokah - kangge nuntun - sedanten umat
Akhire mulyo - bagus akhlake - munggahe derajat
Oleh ridlone – pengeran - kang nduweni jagat
Amin Amin - Amin Amin - Amin Amin
Amin Amin - Amin Amin - Amin Amin
Amin Amin - Amin Amin - Amin Amin
Amin Amin Ya Alloh Robbal Alamin

Ngawonggo , 26 September 2012 M.
                       10 Dzulqo’dah 1433 H.
Penulis


KH.M.RIDLWAN ALKANMA.S Ag.

0 komentar:

Posting Komentar